KRUPUK TUTUP CEPON

“…Tuku cecek olihe sukun………………….

Ning pasar lawen tuku klepon…………….

Gawekan asli wong Kedungsukun……….

Aja klalen karo Krupuk Tutup Cepon….”

Kue sing biasa digembar gemborna Mbah Yono putune alm.pa Karno ,dong  jagongan  mrupus ngalor ngidul  karo ngopi garesan krupuk glopot.

Jaman gemiyen ari ana wong slametan syukuran mesti olih brekat ,lah nang nduwure brekat kue mesti ana rengginang nang nduwure nggo tutup. tapi saiki wis mulai diunsumna brekat tutupe nganggo krupuk,krupuke ora umum,….wis gede…amba…kandel…kemriak….munel…rasane…..wiiihhhh gurih ora ketulungan,ndea dong bisa digambarna kaya bokonge mba Dilah…..mentul mentul.

Krupuk tutup cepon nang desa kedungsukun .kue wis dadi ciri khas e wong kedungsukun asli tulen ,tangga desa wis mulai pada dimik dimik ilon ilon .

Sing dodol ka ora mercayani wonge cilik sing lanang lemu nemen arane mba Roidah bojo Supriyadi alias Trisno .dong esuk wong loro kue runtung runtung kaya laron njejer njejerna bungkusan krupuk kaya njejerna wayang golek

Mbokan sing durung weruh tempat dodole kwe sing prapatan pasar desa Kedungsukun ngalor 250 meter kulon gili ngarepe warung sega jaga lawang mas kopral, laaaahhhhh kue tempate. mbokan pengin gampang idep idep weruh anjog ngumah ya bisa kye  model jaman saiki nganggo internet kye nomere 0823.2307.0957 . dijamin tok cer anjog ra usah nggo ongkos ngirime,gratis.

Sedulure aku wong Kedungsukun ,kue kudu bangga lan  seneng due barang asli sli gawekan wong kedungsukun sing desa liya belum tentu ana, yuh pada guyup rukun ngangkat desa ben luwih semringah..maju mbetahi lan ngangeni.

(mas win3)